Lagu dan Cerita Jawa

  1. A.  Lagu campursari

 

 

Nanggap Campursari

oleh: Didi Kempot

Sasi ngarep ayo rabi yo dik yo
Konco konco diulemi
Nanggap orkes campursari
Sedino punjul sewengi
Tamune ben seneng ati

Mengko yen listrike mati yo dik yo
Nyewo disel opo aki
Joget terus sampe pagi
Jogetan karo penyanyi
Yen wis rampung disangoni

Sing nyanyi ayu-ayu
Yen aku mlirik kowe ojo cemburu
Sing mlirik mung mripatku
Ning atiku mung kanggo sliramu

Tresno ditambah tresno
Candakane mestine kuwi roso
Roso ditambah roso
Candakane mestine kuwi kerso
Kerso ditambah kerso
Candakane mestine kuwi nyoto
Nyoto ditambah nyoto
Nyoto-nyoto wong loro pancen tresno

  1. B.  Tembang macapat

 

asmarandana

Gegaraning wong akrami (penguat dalam pernikahan)

Dudu bandha dudu rupa (bukan harta atau fisik)

Amung ati pawitané (tetapi hatilah modal utamanya)

Luput pisan kena pisan (sekali jadi, jadi selamanya)

Lamun gampang luwih gampang (jika mudah, semakin gampang)

Lamun angèl, angèl kalangkung (jika sulit, sulitnya bukan main)

Tan kena tinumbas arta (tak bisa ditebus dengan harta)

Aja turu soré kaki (jangan tidur terlalu awal)

Ana Déwa nganglang jagad (ada dewa yang mengelilingi alam raya)

Nyangking bokor kencanané (menenteng bokor emasnya)

Isine donga tetulak (yang berisi doa penolak bala)

Sandhang kelawan pangan (sandang dan pangan)

Yaiku bagéyanipun (yaitu bagian untuk)

wong melek sabar narima (orang yang suka tirakat malam, sabar dan menerima

Dhandhanggula

Kala sira kadhawuhan mijil

Sira ora ngerti apa-apa

njur Allah paring rakhmate

iku wujud pangrungu

paningal lan ati kang suci

mula padha nyukurana ing paringan mau

kanggo sangu nggonmu mlana

lumaku ing alam kadonya puniki

supaya nora sasar

 

C. Cerita Rakyat

Watu Gajah

(Kudus)

Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.

Banjur kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.

Nalika wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki Ageng Kedungsari.

Krungu mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.

Pangandikane Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah. Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.

Nalika wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke nglilakake gajahe kanggo mas kawin.

Banjur warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng Menawan entuk gajahe.

Ora let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah kuwasane wong liya.

Nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.

Banjur Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk bokong lan buntute.

Saka prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.

Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.

D. Cerita cekak

Angin Têlågå

 

Angín dolanan pang randhu sangarêpé omah cilík iku nalikå Súrjan mudhún såkå bécak.
Panyawangé landhêp ngêmataké omah síng kêbak nyimpên lêlakón uripé duking uni. Wís róng taún dhèwèké ninggalaké papan iki, lan nganti sapréné durúng akèh owah-owahan. Wít randhu síng tumiyúng pinggír kali, kêmbang kênångå síng wiwít mranggas lan plataran síng kathukulan sukêt-sukêt têki. Isíh dadi sêsawangan kåyå mångså síng wís-wís. Ing kéné Súrjan dilaírké lan ing kéné Súrjan ngroncé uríp nganti nyandhak dhéwåså.
Kèlingan iku kabèh Súrjan nêlångså. Kênångåpå katrêsnan síng wís karoncé kanthi kêsabaran lan katêguhan kudu rantas déníng kanyatan síng paít nyêthêg. Lamat-lamat wêwayangan lêlakón dukíng uni mrêntúl manèh. Kèlingan iku prasasat kabêlèr landhêpíng wêlat, atiné Súrjan pêrih.
Sawusé ngipataké síh trêsnané Súrjan, Níngrúm, kênyå gêgantilaning atiné milíh Dibyå anaké lurah kéné. Lan saiki mêsthiné biså uríp múlyå klawan juragan kayu síng cukúp suksès iku. Pancèné yå ngono. Såpå gêlêm klawan Súrjan priyå síng dilaíraké såkå wóngtuwå mískín lan nganti saiki uripé ya durúng nêmókaké owah-owahan. Isíh mlarat.
Rikålå nyawang kumlébaté manúk dårå síng nuli méncók íng pang randhu ngarêp omah iku. Atiné Súrjan kumitír. Manúk dårå, ya manúk iku síng dadi wêwayangan kang bangêt nabêt ati. Ing têlågå síng ora adóh saka omahé Níngrúm, sinêksèn sêpasang manúk dårå kang kêkibêran íng têlågå iku. Súrjan nêlakaké råså trêsnané klawan Níngrúm. Tan kanyånå wóng wadón iku datan nolak apa kang dikarêpaké Súrjan.
Wóng loro iku nuli kêkanthèn tangan sinambi ngurút dalan cilík síng ngêpúng têlågå. Prasasat Súrjan kêpéngín pamèr marang dårå-dårå iku, kalamún dudu manúk-manúk iku waé síng biså kêkanthèn klawan pasangané sinambi ngibêri akåså.
“Kowé ora bakal blénjani trêsna iki, Níng?” Súrjan katindhês råså wang-wang.
“Kang Súrjan ora susah sumêlang. Aku bakal sêtyå kåyå sêtyané têlågå iki síng nyranti têkané banyu íng kapan waé,” Níngrúm nanduki måwå têmbúng síng ngumbúlké atiné Súrjan.
Lan soré íng sawêtårå taún kêpungkúr iku saiki amúng dadi wêwayangan síng nêdhas íng dhådhå. Jalaran ora gantalan suwé amúng têlúng sasi såkå kêdadéyan kuwi Níngrúm wis dadi darbèké Dibyå. Tan kuwat ngampah kanyatan síng gawé tatuné ati, ora ånå pilihan liyå Súrjan kudu minggat. Nadyan pilihan iku dudu ditóhi klawan nêgakaké wóngtuwané wadón síng wís uríp ijèn awit katinggal bapaké kanggo salawasé.
Nganti saiki sawisé róng taún lumaku. Súrjan antúk kabar yèn mbóké lara nêmên. Lan iku síng dadi alêsan Súrjan bali ing papan kêlairané iki, sawusé ngumbårå mêcaki ambané kuthå Jakarta.
Tan kinirå wêwayangan iku bali ngaléla manèh nalikå Súrjan jumangkah íng plataran. Kalawan ngimpún katêguhan ati, dhèwèké agé jumangkah nuju íng èmpèran omah síng sêlót kêlêm íng umúr.
Sêpi. Ora ånå sabawané wóng.
Mangu-mangu Surjan anggoné nêrúsaké jangkah. Kudu piyé nalikå dhèwèké kudu adu arêp klawan mbokné. Sawusé róng taún ninggal tanpå pêpoyan lan saiki kêtêmu kanthi wóng tuwå wadón jroníng kahanan ringkíh. Gumléthak ånå ngambèn kanthi ngampah lårå, ijèn tanpå rowang. Kèlingan iku dumadakan mripaté Súrjan kêmbêng-kêmbêng. Råså doså síng sakgumúk gêdhéné prasasat ngantêb dhadhané.
Åpå Níngrúm iku jêjêré mustikané wanita? Åpå Níngrúm iku ngungkuli kamulyané wanitå síng naté nggémból Súrjan sangang sasi sêpulúh dinå? Síng mêrês susuné sabên mångså kanggo ngandêlaké dagingé.
“Oh, kênångåpå aku dadi liwúng jroníng ngadhêpi kahanan róng taún kêpungkúr?”
Wís sawêtara Súrjan lêlungguhan ånå lincak síng têtêp pêngkúh sumèlèh íng èmpèré. Lincak síng pêngkúh iku kåyå nggambaraké pêngkuhé atiné síng nggawé, yaiku bapaké. Saibå wóngtuwa lanang iku ngêtóhi pati lan uripé kanggo ngêbóti kulåwargå. Nadyan mangkat ésúk mulíh wêngi, udan klawan panas, ngêlak klawan luwé, nyambút gawé minångkå burúh panggúl pasar kudu dilakóni. Nganti kasêtyané mríng kulåwargå kudu ditêmbús klawan tètèsíng gêtíh pungkasan.
Ngélingi iku kabèh dadi gawang-gawang ing tlapukané Súrjan nalikå bapaké digåwå mulíh déning kåncå-kancané kanthi tatu dhådhå kang abót. Dinå kuwi nalikå íng pasar têka trêk kanthi mómót bêras, wís dadi jêjibahané bapaké Súrjan sakåncå kudu ngudhúnaké. Nangíng dinå iku tibå apês, lagi waé tutúp bak trêk dibukak. Dumadakan bak iku mrucút såkå gujêngan lan sarosané ngantêm dhadhané bapaké Súrjan. Wêkasané priyå iku gugúr ing kalané dhèwèké ngêmbari rosaning sêsanggan uríp kanggo ngopèni anak lan bojoné.
Nangíng généyå, rikålå bapaké wís ora ånå lan Súrjan kudu wani kêsampiran tanggúng jawab ngopèni mbókné, kêdadak tinggal glanggang cólóng playu kagåwå såkå solahé wanitå síng blénjani atiné. Ånå ngêndi råså bêktiné anak mríng wóngtuwó, ånå ngêndi dunúng ngrêgani labúh labêté wóngtuwå síng wís wani ngêtóhi pati lan sóróh nyåwå? Åpå kudu lungå manèh awít kêtêmu mbókné kêpårå malah nambah atiné kasikså?
Ora! Saibå sêlót mblêdhak tumpukan doså iku yèn aku kudu ninggal kanyatan iki. Mangkono tuwúh kêkuwatané Súrjan. Bênêr! Aku kudu mlêbu omah, mangkono katêtêpané atiné.
Wóng lanang iku agé mênyat såkå lincak. Tumuli kanthi nglumpúkaké kêkuwatan jêrón dhådhå mårå dicobå Súrjan nyakêti lawang omah cilík iku. Alón kêbak pangati-ati lawang dibukak. Rainé cobå diungak mênjêro, kahanan njêro têtêp sêpi. Súrjan jumangkah kanggo marani papan pêturoné mbókné. Nangíng síng digolèki ora ånå kono. Råså bingúng, mirís, lan sêdhih gilír gumanti.
“Mbók kowé ånå ngêndi, Mbók?” lirih lambéné Súrjan nyuwårå kanthi gêtêr.
Sêpi.
“Såpå kuwi?” dumadakan kêprungu swårå ringkíh såkå pawón.
Atiné Súrjan lêgå. Gênah kuwi swarana mbókné, agé-agé dhèwèké jumangkah mênyang pawón. Nalika têkan pawón, sapandurat Súrjan ora pêrcåyå. Nangíng råså kagèt mau amúng sakêdhép nétrå, nuli malík råså bungah awít nyatané mbókné katón sêgêr waras ora åpå-åpå. Ora kåyå kabar síng têkå íng kupingé sawêtårå dinå kêpungkúr.
“Mbóók…,” Súrjan njêrít karo ngrangkúl mbókné. Kêncêng. Sasat dhèwèké kêpéngín nglêbúr råså salah síng matumpå íng kêkêpané mbókné.
“Sêpuranên aku Mbók, aku wís ninggal Simbók sasuwéné iki,” swarané Súrjan mêlas karo têtêp ngrangkúl lan ngambúngi pipiné mbókné sing wís kisút.
“Yå Lé, Simbók wis ngapurå kabèh salahmu. Wís ora ånå salah tumrap awakmu, Nggèr. Dinå kêpungkúr mbókmanåwå lagi lali, lan saiki kowé wís kèlingan manèh,” wóngtuwå wadón kuwi sansåyå ora biså ngampah luhé kang têrús ngurút kali cilík síng ngrênggani pipiné.
“Mbók aku bali mêrga krungu Simbók lårå nêmên, åpå kuwi bênêr?”
“Aku síng mêling-mêlingké kanthi kabar kuwi, Lé, murih kowé gêlêm bali,”
Sawusé katón aríng. Tumuli wóng wadón kuwi nyritakaké mulå-bukané gawé kabar yèn dhèwèké lårå bangêt lan ngajab Súrjan biså bali.
“Simbók darbé tåmbå kanggo larané atimu róng taún kêpungkúr, Nggèr,” pungkasan alêsan kuwi síng mrêntúl såkå wóng wadón tuwå kuwi.
“Aku manút waé Mbók, kabèh kanggo nêbús sagunúng dosaku klawan Simbók,” Súrjan saiki anané amúng pasrah.
“Yå, wís, manåwå mangkono mêngko soré bocahé dakjaluké bisa mréné.”
Gódhóng-gódhóng randhu ngarêp omah cilík iku kumitír katiyúp angín soré. Súrjan lan mbókné wís lungguhan ånå èmpèran omah nyranti wanitå síng wís dijanjèkaké têkå soré kuwi.
“Såpå ta Mbók wanitå kuwi?” pitakoné Súrjan sasêlané ngrantu síng bakal têkå.
“Mêngko kowé harak ngêrti dhéwé,” wangsulané mbókné cêkak.
Wanitå síng diantu-antu Súrjan lan mbókné wís katón klédhang-klédhang têkå.
“Kuwi bocahé, Lé,” kandhané Mbókné Súrjan klawan nudúhaké síng lagi têkå.
Barêng ngêrti såpå kang têkå, Súrjan dadi kagèt. Wanitå kanthi pawakan kuru cilík lan praupané ciyut kuwi dudu wanitå síng asíng mungguhé Súrjan.
“Bênêr Mas, aku. Dudu salah pandêlêngmu, aku Níngrúm,” agé-agé wanita kuwi ambrúk ing pangkóné Surjan.
“Généyå, gén…généyå kowé, Níng?” sagumuk pitakón lan sèwu råså bingung matumpå íng dhadhané Súrjan.
Éwåsémånå wanitå sing róngtaún kêpungkúr ngrojah-rajèh atiné kuwi wís ora biså wangsulan. Tangisé kasuntak, lan síng biså amúng ngrangkúl kêncêng sikilé Súrjan. Mbókné síng ngêrti munggúh nasíb kang tumêmpúh ing panguripané Níngrúm múng biså kêmbêng-kêmbêng waspå nyipati kêdadéyan surúp iku. Íng langit sansåyå pêtêng, krungu tangisé Ningrúm surúp iku. Angên-angêné Súrjan tumlawúng. Kåyå kêprungu manèh angín tlågå síng dadi sêksi kåndhå-kandhané Ningrúm róngtaún képungkúr.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s